Social Icons

Pages

About Me

Senin, 27 Oktober 2014

lATIHAN SOAL BAHASA JAWA KELAS IX ( 40 nomor )

 lATIHAN SOAL BAHASA JAWA KELAS IX

Wangsulana pitakonan-pitakoan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang paling bener!
Wacan 1
Kanggo soal no. 1 – 8
NANDUR PARI
Beras dadi kabutuhane masyarakat, mula ya ora nggumunake manawa ora sethithik beras kang kudu dicawisake. Dene kang kajibah nyukupi beras ora liya para among tani, srana nggarap sawah nandur pari.
Pangolahe lemah kawiwitan gawe pawinihan. Cara iku kajumbuhake karo kahananing lahan. Yen ing sawah kono banyune angel, adate katindakake kanthi ngurit. Ngurit yaiku ndhedher wiji pari kang isih wulen, dene kretegan yaiku pari kang disebar garingan tanpa dilebi banyu.
Sinambi ngenteni gedhene winih, Pak Tani nuli nggarap sawah. Sawah dilebi nuli diluku, luwih dhisik sawah disukoni, yaiku maculi pojok-pojoking sawah kang ora bakal kaambah dening luku. Nyukoni iku bisa uga katindakake sawise diluku, bakda iku, lemah dilebi lan dileremake sawatara dina supaya suket lan gegodhongan padha bosok dadi lemi. Tindak mangkono iku arane didhayungake. Sinambi ngenteni anggone ndhayungake, lumrahe pak tani nampingi utawa nembok galengan supaya ora padha bolong, bisa wutuh, rapi lan rata.
Watara setengah sasi tandur wiwit ijo, mracihnani yen urip, diarani nglilir. Watara umur sesasi diwatun utawa digosrok. Kajaba kanggo ngilangi suket sing ngganggu, uga duwe tujuan nggemburake lemah. Bakda iku tanduran dirabuk. Ora antara sasi tandur dadi ijo royo-royo, gumadhung. Tandur mekar, mundhak gedhe lan dhuwur. Ora suwe maneh mlecuti, siji loro katon wulene. Dene yen wulen pari wis jumedhul kabeh, arane mrekatak. Bakda iku wulen kang mentes padha tumungkul, dene sing gabug padha ndangak. Saya suwe pari saya kuning. Yen wis mangkono becike sawah disat supaya nyepetake pari padha tuwa. Sawise sesaji “wiwitan” dileksanani, pari banjur dipanen.
1. Damel pawinihan menika kajumbuhaken kaliyan menapa?
a. Kajumbuhaken kaliyan kawontenan mangsa.
b. Kajumbuhaken kaliyan kawontenan lahan..
c. Kajumbuhaken kaliyan kawontenan para among tani
d. Kajumbuhaken kaliyan pranata mangsa.
2. Apa lelabuhane para among tani marang masyarakat?
a. Nyawisaken uwos kangge kabetahanipun masarakat..
b. Nyawisaken sedaya kabetahan masyarakat.
c. Nyawisaken menapa kemawon ingkang dipunbetahaken masyarakat.
d. Nyawisaken sandhang lan papan masyarakat.
3. Apa karepe dene lahan didhayungake sawise diluku?
a. Supados suket tuwin gegodhongan saged enggal bosok..
b. Supados lahan langkung gampil dipuntanemi
c. Supados lahan kathah toyanipun
d. Supados lahan langkung gampil dipundhangir
4. Gawe pawinihan ing papan kang banyune angel, adate katindakake kanthi cara ngurit. Kepriye carane gawe pawinihwn kanthi cara ngurit?
a. Pari kang disebar garingan tanpa dilebi banyu
b. Wiji didhedher ing lemah teles, wujud gabah kang wis nokol/thokol
c. Ndhedher wiji pari kang isih wulen..
d. Mbedholi winih pari kang bakal ditandur
5. Sawah dilebi nuli diluku, luwih dhisik sawah disukoni. Apa karepe sawah disukoni?
a. Maculi pojok-pojoking sawah kang ora bakal kaambah dening luku..
b. Maculi saperangan sawah.
c. Ngaratakake palemahan supaya gampang dilebi.
d. Maculi palemahan supaya lemahe subur.
6. Apa paedahe namping lan nembok galengan?
a. Supados ketingal watesipun sawah
b. Supados sitinipun rata
c. Supados ketingal sae lan nengsemaken menawi dipunsawang
d. Supados galengan boten bocor, ketingal rapi lan rata..
7. Watara pirang sasi tanduran katon ijo royo-royo utawa wis gumadhung?
a. sesasi
b. ora antara sesasi..
c. setengah sasi
d. telung sasi
8. Manawa wulen pari wis jumedhul kabeh, arane mrekatak. Bakda iku wulen kang … padha tumungkul, dene sing gabug padha ndangak.
a. mentes..
b. jumedhul
c. tuwuh
d. urip
Gambar 1
clip_image002
9. Gambar 1 ing ndhuwur mujudake piranti olah tetanen kang aran ….
a. garu
b. pacul
c. luku..
d. gathul
Gambar 2
clip_image004
10. Gambar 2 ing ndhuwur iku kalebu gambar piranti kanggo tetanen. Yaiku piranti kanggo ….
a. nggundhuh jagung
b. njedhol tela
c. ngundhuh degan
d. ngeneni pari..
11. Margi saking Wonosari tumuju Ngayogyakarta menggak-menggok pramila dipunpasang rambu-rambu lalu lintas ingkang wujudipun gambar ….
a… clip_image006
b. clip_image008
c. clip_image010
d. clip_image012
Katrangan:
Kabeh gambar ing pilihan wangsulan ing ndhuwur warna dhasare kuning
Gambar 3 (warna dhasare kuning)
Kanggo soal no. 12 – 13
clip_image014
12. Gambar 3 mujudake tandha gambar rambu lalu lintas, yaiku kalebu jinising rambu ….
a. pepenget..
b. larangan
c. pituduh
d. wewaler
13. Tegese rambu lalu lintas gambar 3 ing ndhuwur yaiku ….
a. Kendaraan saka sisih kiwa kudu alon
b. Kendaraan saka kiwa lan tengen ngati-ati
c. Ana simpangan ing ngarep
d. Simpang telu..
Gambar 4
Kanggo soal no. 14 – 15
clip_image016
Katrangan:
Gambar 4 warna dhasare abang, ana tandha garis putih tengah
14. Tandha rambu lalu lintas gambar 4 tegese ….
a. Sepedha motor ora oleh mlebu
b. Kendaraan rodha 4 ora oleh mlebu
c. Wong mlaku ora oleh mlebu
d. Ora oleh mlebu..
15. Gambar 4 ing ndhuwur mujudake rambu lalu lintas. Manut jinise, gambar rambu lalu lintas iku kalebu rambu ….
a. pepenget
b. larangan..
c. pituduh
d. wewaler
16. Ukara-ukara ing ngisor iki kang ora migunakake tembung camboran dumunung ing ukara ….
a. Mula bukane prakara iku aku ora ngerti tenan..
b. Lampu bangjo iku migunani banget.
c. Tape goreng iku arane randha royal.
d. Ibu mundhut semar mendem ing peken.
17. Jalma manungsa, sato kewan lan tetuwuhan iku kabeh titahing Gusti Kang Akarya Jagad. Tembung jalma manungsa, sato kewan kalebu tembung ….
a. saroja..
b. kosok balen
c. andhahan
d. camboran
18. Apa gunane tembung garba ing tembang macapat?
a. Kanggo njumbuhake purwakanthi ing tembang macapat
b. Supaya tetembungan ing tembang iku kepenak dirungokake
c. Kanggo ngganepi guru lagu lan guru wilangan ing tembang macapat
d. Kanggo njumbuhake guru wilangan ing tembang macapat..
Wacan 2
Kanggo soal no. 19 – 20
Pocung
Esuk-esuk mbak ayu yo padha nutu,
pari kang wus tuwa,
lesung alu wus cumawis,
pancen nyata Pak Tani panggawe boga.
19. Guru wilangan lan guru lagune gatra 1 tembang pocung ing ndhuwur yaiku … .
a. 12 u..
b. 12 i
c. 12 a
d. 12 e
20. Pancen nyata Pak Tani panggawe boga. Tembung boga ing gatra 4 tembang pocung ing ndhuwur tegese ….
a. pantun
b. pangan..
c. janganan
d. dhele
Wacan 3
Kanggo soal no. 21 – 22
KETIGA
Dening: Sumono Sandi Asmono
Suket garing, lemah nela
Kapaeka dening mangsa
Gek iki ketiga apa?
Kudune ana angin sumilir
Sanajan amung silir-silir
Amrih bisa gawe sumilake pikir
Nanging sing ana mung panas
Soroting surya krasa panas
Lemah nela melu panas
Apa jagad wis meh tuntas
21. Wacan 3 ing nginggil manut wujudipun kalebet ….
a. tembang
b. saloka
c. geguritan..
d. parikan
22. Soroting surya krasa panas. Dasanamanipun tembung surya inggih menika ….
a. bagaskara, bagaspati..
b. wulan, sasi
c. kartika, wintang
d. akasa, ngawiyat
23. Kepriye wangsulanmu nalika ana tamu arep ketemu Bapak, ananging Bapak lagi tindak.
a. “Bapak kula kesah, kersane napa?”
b. “Bapak kesah, kersane napa nggih?”
c. “Bapak nembe tindak, sekedhap malih wangsul.”
d. “Bapak nembe tindak, sekedhap malih kondur!”..
24. Yen pinuju liwat ing ngarepe wong kang lagi lelungguhan, prayogane … .
a. Mlaku alon awak rada mbungkuk, karo matur “nyuwun sewu”..
b. Mlaku alon awak rada mbungkuk karo matur “mangga”.
c. Mlaku alon karo matur “nyuwun sewu”
d. Mlaku karo mesem namatake wong kang lagi lelenggahan.
Wacan 4
Kanggo soal no. 25 – 26
Poma-poma wekas mami,
Anak putu aja lena,
aja katungkul uripe,
lan aja duwe kareman,
marang pepaes donya,
siyang dalu dipunemut,
yen urip manggih hantaka.
25. Manut wujude rumpakan ing ndhuwur kalebu jinising tembang macapat pupuh … .
a. pangkur
b. sinom
c. megatruh
d. asmaradana..
26. Anak putu aja lena. Tegesipun ukara ing gatra 2 tembang macapat ing nginggil tegesipun inggih menika ….
a. Putra wayah supados tanggap kawontenan
b. Putra wayah supados sami prihatos
c. Putra wayah kedah sami siyaga.
d. Putra wayah ampun ngantos kirang ing pangatos-atos..
Wacan 5
Kanggo soal no 27 – 29
Picture 27
27. Apa irah-irahane wacan ing ndhuwure?
a. Pancakridha Tani
b. Panca Usaha Tani..
c. Sapta Usaha Tani
d. Carane Nandur Pari
28. Para among tani saiki akeh kang nindakake Panca Usaha Tani, kang duwe pangajab supaya kepriye?
a. Supaya anggone nenandur ragade mung sethithik.
b. Supaya anggone nandur pari ora ngeselake awak.
c. Supaya anggone tetanen saya maju, asile saya tambah..
d. Supaya uripe para among tani katon maju lan modern.
29. Swarane kaya guntur. Ukara iku manawa katulis nganggo aksara Jawa kang bener … .
Picture29
Picture30
Tulisan aksara jawa iku manawa katulis latin … .
a. Saiki tanggal 12 April taun 2012.
b. Saiki tanggal 12 April taun 2011.
c. Saiki tanggal 13 April taun 2011.
d. Saiki tanggal 13 April taun 2012.

           31. Yu Irah kondhang minangka wong kang lunyu ilate. Tembung lunyu
 ilate kalebu tembung entar kang tegese….
a.       tembunge mencla-mencle
b.      seneng ngrasani tangga
c.       criwis, akeh omonge
d.      seneng padu.
32.    Bejane wae Mbak Laras dawa ususe, kabeh mung diwangsuli kanthi esem.
Tembung dawa ususe nduweni teges….
a.       ususe dawa, mangane akeh
b.      seneng ngulur wektu
c.       sabar banget
d.      seneng ngg­­­­uyu, nyenengake wong liya.
33.    Tembung ing ngandhap menika ingkang minangka tembung Garba
inggih menika….
a.       memetri
b.      tumekeng
c.       pinardiya
d.      mekaring
34.    Tembung garba jalwestri kadadosan  saking  tembung….
a.       jalwes + stri
b.      jalwa + estri
c.       jalwa + setri
d.      jalu + estri
35.    Ukara ing ngandhap menika ingkang ngginakaken tembung Homonim inggih
menika….
a.           
1)  Bapak tindak Kebumen mundhut gendheng.
2)  Aku mau ana dalan ngerti wong gendheng.
b.          
1)  Ibu mundhut sekar Mawar.
2)  Bapak midhangetaken sekar Dhandhanggula.
c.          3
1)  Aku karo kancaku arep ngelih meja.
2)  Bareng wis awan aku krasa luwe
d.          
1)  Ibu tindak Bank arep mundhut celengan.
2)  Ibu tindak pasar nitih becake Bang Toyib.
     
36.     Wong tuwane sakloron ora kurang-kurang anggone mulang
unggah-ungguh….anake tetep ora ngerti tatakrama. Tembung
panggandheng ingkang trepkangge ngisi cecek –cecek ing
ukara kasebat inggih menika….
a.       ewadene
b.      sinambi
c.       nalika
d.      manawa
37.      Gatekna ukara ing ngisor iki !
No
Ukara
1
Bapak Wisnu Subrata badhe medhar sabda.
2
Saben dhina Senin murid-murid pada upacara.
3
Kula badhe ndandosi pit.
4
Mbakyu kula dhereng gadah momongan.
Ukara ing nginggil ingkang leres panyeratipun inggih menika….
a.       ukara 1 lan 2
b.      ukara 3 lan 4
c.       ukara 1 lan 3
d.      ukara 2 lan 4
Wacan
Sasangka          : “Kula nuwun, Bu.”
Bu Sastra         : “ Mangga, O, Nak Sasangka, kene mlebu kene! Ana wigati apa,
Nak?”
Sasangka          : “Kepareng matur, Bu. Kula (mara) mriki (dikongkon)
Ibu,( menehake)
pundhutanipun gendhis watawis 10 kg.”
Bu Sastra         : ”O ya, (omonga) karo Ibumu, menawa iki kabeh wis taktampa.”
38.   Tembungipun  Sasangka  wonten ing waosan ing nginggil kirang leres.
Dene  tembung   ‘mara’ ingkang leres inggih menika….
a.     sowan
b.    dhateng
c.     rawuh
d.    tindak
39.   Tembungipun Sasangkamenehake” ingkang leres inggih menika….
a.     nyaosaken
b.     maringaken
c.     menehaken
d.     nyukakaken
40.  Gambar wayang punakawan menika namanipun….
Add caption

a.      Bagong
b. Gareng
c.      Petruk
d.      Semar

4 komentar:

  1. thank for the post, i really happy to visit your website obatpolipempedu.mkes.info/

    BalasHapus
  2. thank for the post, succesfull and healthy always eyecaresoftgel.mkes.info/

    BalasHapus
  3. Hidup adalah Kesusahan yang harus diatasi oleh Obat Polip Lambung Tradisional Alami. Rahasia yang harus digali. Tragedi yang harus dialami. Kegembiraan yang harus dibagikan. Cinta yang harus dinikmati, dan Tugas yang harus dilaksanakan. Inilah hidup sebagai romantika yang harus dirangkul. Resiko yang harus diambil. Lagu yang harus dinyanyikan Obat Polip Lambung Tradisional Alami. Anugerah yang harus dipergunakan. Berkah yang harus dicapai., dan mimpi yang harus diwujudkan.

    BalasHapus
  4. Ini dia herbal untuk membantu mengobati asam urat yang alami dan aman silahkan klik saja: Obat Herbal Asam Urat terimakasih, selamat berkunjung

    BalasHapus

 

Sample text

Sample Text

Sample Text

 
Blogger Templates